Menyongsong datangnya Tahun Pelajaran Baru, yang tentu saja akan digairahkan dengan pencarian sekolah-sekolah lanjutan bagi para siswa. Pihak sekolah lanjutan pun telah mulai melakukan sosialisasi untuk menjaring calon peserta didik baru. Para orang tua kiranya perlu waspada dengan tidak sembarangan menerima informasi mengenai sekolah baru bagi putra-putrinya, jangan sampai “membeli kucing dalam karung”, apalagi sampai menggunakan cara-cara yang tidak tepat untuk memperoleh sekolah bagi anak-anaknya.
Berikut obrolan mengenai hal itu. Mohon maaf, obrolan ini menggunakan bahasa ibu, yaitu Banyumasan. Semoga dapat dipahami.
NYOGOK KESOGOK
GENDHING BANYUMASAN DITABUH RANCAK, NGUMANDANGAKEN TEMBANG SING MBLEKETAKET PISAN. BARENG GENDHINGE MADAN ALON, KAMPLENG METU KAMBI NGUDARASA.
01. KAMPLENG
Angger tekrasak-rasakena, dadi duda kuwe lewih akeh rekasane. Ora rekasa keprimen jajal, nek mriyang ora nana sing ngrumat, kencot ora nana sing ngliwetena, ngonggor kudhu ngiling banyu dhewek. Wis jan pokoke rekasa. Apamaning atis-atis kaya kiye, turu ya gelem ora gelem kudhu dhewekan. Enggane kepengin turu anget, apa ya klakon ngeloni kompor. Lha kuwe, ora tekrasakena keprimen, jenenge wong urip tuli tetep ngrasakena mbokan…?
Arep ngarah bojo maning, inyong egin kelingan bae karo bojone inyong sing wis jenat. Angger inyong kelingan, jan sok nelangsa pisan. Bojo siji mati, ninggali anak wadon siji sing siki wis dere. Wis akeh butuhe. Apamaning nang taun ajaran anyar kiye, jere kepengin nerusaken goli sekolah. Mbangkane ragade ora semendhing. Ning ya ora papa, abot-abote ngewulani anak, ora ketang utang-utang ya teklakoni, ben gegayuhane anak wadon bias kasembadan.
GENDHING BANYUMASAN MUNI MANING, NGIRINGI METUNE KAMIJAH ANAKE WADON DUDA KAMPLENG.
02. KAMIJAH
Lha kiye, tekgoleti maring pedangan, ujarku lagi ngentongna gronthol, jebule malah thengak-thenguk nag kene. Kemlakaren ya Ma?
03. KAMPLENG
Lah, ya ora. Kae inyong malah ora entong koh, nganah dientongena.
04. KAMIJAH
Nggo pakan pithik ngesuk baen Ma, inyong wis jeleh…
05. KAMPLENG
Gye, aja sok siya-siya maring panganan, ora ilok. Dienget maning baen, sapa ngreti ngesuk ana dayoh, tuli kena nggo nyuguh mbokan?
Continue Reading